Syi’ir KH Ali Ma’sum
Laa illaha illallah almalikul
haqul mubin
Muhammadun Rasulullah Shodiqul
wa’dil amin
Eling-eling siro manungso
Temenono anggonmu ngaji
Mumpung durung ketekanan
Malaikat juru pati
Awak-awak wangsulono
Pitakonku marang siro
Soko ngendi siro iku
Menyang ngendi tujuanmu
Kulo gesang tanpo nyono
Kulo mboten gadah sejo
Mung kersane kang kuoso
Gesang kulo mung sak dermo
Gesang kulo sak meniko
Inggih wonten alam dunyo
Dunyo ngalam keramaian
Isine mung apus-apusan
Yen sampun dumugi mongso
Nuli sowan kang kuoso
Siang dalu sinten nyono
Tekane sing nyabut nyowo
Urip nang dunyo ora suwe
Bakal ngalih panggonane
Akhirat nggon sejatine
Mung amal becik sanguine
Sowanmu nang pangeranmu
Sopo kang dadi koncomu
Opo kang dadi gawanmu
Kang nylametake awakmu
Kulo sowan nyang pengeran
Kulo miji tanpo rencang
Tanpo sanak tanpo kadang
Bondo kulo ketilaran
Yen manungso sampun pejah
Uwal saking nggriyo sawah
Najan nangis anak semah
Nangin kempal mboten betah
Senajan berbondo-bondo
Morine mung sarung ombo
Anak bojo moro tuwo
Yen murung banjur lungo
Gesang urip kang peneran
Bondo tansah pirang-pirang
Ditinggal dingo rebutan
Anak podo kaleleran
Yen sowan kang oho agung
Ojo susah ojo bingung
Janji ridlone pengeran
Udineng nganggo amalan
Gusti Allah pangeran kito
Al-Quran pedoman kito
Nabi Muhammad panutan kito
Umat Islam sedulur kito
Ya Allah kang moho suci
Kulo nyuwun ilmu sejati
Ngangge nglakoni agami
Nganti dateng kanjeng nabi
Amin amin amin amin
Ya Allah Rabbal alamin
Mugi ngabulno
Sedoyo panyuwun kito
0 Komentar