Hadiah bagi Pecinta Ramadlon
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Alhamdulillahi daa iman ‘alaa Man qaail : yaa
ayyuhalladzina aamanuu kutiba ‘alaikumushshiyyamu kamaa kutiba ‘alalladzina min
qablikum la’allakum tattaquun. Washollallahu
wasalaamuhu daa iman ‘alam man qaail: wahuwa syahrun awwaluhu rahmatun wa
ausatuhu maghfiratun wa aakhiruhu ‘itqun minannar.
Dumateng jama’ah sholat isya’ soho terawih ingkang dipun rohmati dening
Allah
Sampun mboten asing malih kagem kulo panjenengan sedoyo, bilih wulan
ramadlon niku wulan kang mulyo, wulan kang agung, linuweh wonten katerangan
kang katulis wonten syair:
جَاءَ فِى
الْوَعْدِ أَنَّ لِلْفَرْحَانِ# بِدُخُوْلِهِ وُجُوْبُ الْجِنَانِ
Jaa a wus tumeko. Fil wa’di dalam
janjine pengeran. Anna lilfarhaan sak temene keduwe tiang kang bungah.
Bidukhulihi sebab manjinge wulan ramadlan. Wujubul jinan mongko iku wajib mlebet
surgo.
Syair kolo wau nerangaken, bilih tiang ingkang remen mawon kanti datengipun
wulan ramadlon mangka gusti Allah janjiaken dateng tiang kolo wau mlebet wonten
surgo, mugi kulo panjenengan dipun ridloi gusti Allah kagolong tiang ingkang remen
kanti manjingipun wulan ramadlon, sahinggo dipun lebetaken mergi surganipun
gusti Allah, amin allahumma amin.
Kanti mekaten remenipun kulo panjenengan, kanti rawuhipun wulan ramadlon
kedah kito pahesi kanti amal-amal ingkan sae, amal-amal ingkang dadoske
sababiyah rahmat lan mergi dalane karidlonane pengeran. Antawisipun katah deres
al-Quran, maos dholawat, maos istighfar lan amal sholeh sanesipun.
Semaksimalipun punopo mawon ingkang saget kulo panjenengan amalaken.
Dumateng jama’ah sholat isya’ soho terawih ingkang dipun rohmati dening
Allah
Mekaten ingkang waget kulo aturaken, mugi wonten manfaatipun ndonyo akhirat
amin ya rabbal ‘alamin.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
0 Komentar