10 hari pertama rahmat
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Alhamdulillahi daa iman ‘alaa Man qaail : yaa ayyuhalladzina aamanuu kutiba
‘alaikumushshiyyamu kamaa kutiba ‘alalladzina min qablikum la’allakum
tattaquun. Washollallahu wasallamahu daa
iman ‘alam man qaail: wahuwa syahrun awwaluhu rahmatun wa ausatuhu maghfiratun
wa aakhiruhu ‘itqun minannar.
Dumateng jama’ah sholat isya’ soho terawih
ingkang dipun rohmati dening Allah
Alhamdulillah kulo panjenengan sedoyo tansah dipun paringi rahmatipun gusti
Allah kanti mapinten-pinten rahmat tan wilangan. Rahmat ingkang mboten
bandinganipun, kulo penjenengan dipun paringi rahmatuttauhid. Njeh puniko
nikmat iman lan islam, amargi lek kulo penjenengan taksih gesang teng ndonyo
puniko mboten kraos, bilih rahmate gusti Allah kagem sedoyo makhluk ipun, tapi
mbenjang teng dinten kiamat rahmatipun gusti Allah puniko husus dipun
paringaken dateng tiang ingkang iman lan islam mawon, mugi dumugi cabutipun ruh
saking jasad kulo penjenengan sedoyo, kito tetep dipun paringi ni’mat islam lan
iman amin.
Dumateng jama’ah sholat isya’ soho terawih ingkang dipun rohmati dening
Allah
قاَلَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : وَهُوَ
شَهْرٌ أَوَّلُهُ رَحْمَةٌ وَأَوْسَطُهُ مَغْفِرَةٌ وَآخِرُهُ عِتْقٌ مِنَ النَّارِ
Kanjeng Rasul SAW sabdo:
iku Wahua, utawi wulan ramadlon. Iku syahrun, wulan. Awwaluhu, utawi
kawitane wulan. Iku rahmatun rahmat. wa ausatuhu lan utawi
tengahane wulan. iku maghfiratun
pengapuran. wa aakhiruhu lan utawi akhire wulan. ‘itqun pembebasan. Minannar, saking neroko.
Dumateng jama’ah sholat isya’ soho terawih ingkang dipun rohmati dening
Allah
Gusti Allah maringi rahmat tan wilangan dateng kulo panjenengan sedoyo,
linuweh kacatet kanti ceto. Wonten pangen dikanipun rasul bilih kawitane wulan
iku rahmat. Maksutipun priprun, maksutipun 10 dinten puniko gusti Allah nikel
matikelaken rahmatipun, buktinipun nopo, buktinipun gusti Allah nurunaken
al-Quran wonten wulan ramadlon, gusti Allah paring dateng umatipun kanjen rasul
muhammad SAW, ngapunten nyoswonipun sami cekak, anangin Allah maringi setunggal
dalu kang mbandingi sewu wulan. Njeh nopo mboten.... ?. lek kulo panjenengan
nglampahi satunggal kaferdlunan satunggal mawon gusti Allah nglipataken dados
70 kaferdhunan misalipun sholat fardlu, kulo panjenengan nglampahi satunggal
fardhu Allah nglipataken dados 70 sholatan, niku minimalipun saget mawon gusti
Allah nglipataken kanti wilangan langkung katah maleh. Lajeng nglampahi perkawis sunah gusti Allah
ngetang kanti itungan nglampahi kaferdhunan setunggal. Lan sanes-sanesipun.
Dumateng jama’ah sholat isya’ soho terawih
ingkang dipun rohmati dening Allah
Mekaten anggen gusti Allah maringaken rahmat tan wilangan dateng umatipun
kanjeng nabi. Mugi kulo panjenengan sedoyo waget maksimal anggen gegayoh dalan
rahmatipun gusti Allah, sahinggo saestu pikantuk karidlonan lan slamet saking
adzab ipun gusti Allah teng ndoyo linuwih akhirat kamangke. Amin ya rabba
‘alamin.
Mekaten ingkang waget kulo aturaken, mugi
wonten manfaatipun teng ndonyo lan akhirat amin ya rabbal ‘alamin.
Wassalamu’alaikum
warahmatullahi wabarakatuh.
0 Komentar