10 Hari Kedua Pengapurane Pengeran
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Al-hamdulillahi daiman ‘alallah. Wa shalatuhu
wa salamuhu linabiyihi Muhammadin SAW.
Dumateng jama’ah sholat isya’ soho terawih ingkang dipun rohmati dening
Allah
Kolo wengi kito sampun sesarengan mahami bilih 10 dinten kawitan meniko
rahmatipun pengeran. Sakmeniko monggko kita gatusaken sesarengan bilih 10
kaping kalihipun meniko pengapuranipun gusti Allah. Buktinipun nopo,
فَمَنْ صَامَهُ
وَقَامَهُ إِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا خَرَجَ مِنْ ذُنُوْبِهِ كَيَوْمٍ وَلَدَتْهُ أُمُّهُ
Faman mongko utawi sinten tiang. Shooma kang
poso sinten tiang. Hu ing wulan ramadlan. Waqaama lan kang
nglampahi sholat terawih. hu ing wulan ramadlon. Imanan kelawan yakin wahtisaaban lan
perhatos. Khoroja mongko medal. Min dzunubihi opo dosa-dosane
tiang klo wao. Kayaumin kados dinane. Waladat nglahirke. Hu tiang
wau. Ummuhu sinten ibune tiang kolo wau.
Kanti mekaten langkung jelas maleh bilih, tiang ingkang saestu yakin soho
perhatos kanti rawuhipun wulan ramadlon, perhatos teng mriki mboten anamung
perhatos kang sifatipun lisan, nangin dipun amalaken kanti amaliah-amaliah
ingkang saget narik rahmatipun pengeran. Kados deresan quran, mucal lare2 tpa,
sholat isyak berjama’ah kados mekaten, jama’ah terawih mekaten, njagi lisan
mboten ngendikan ingkang mboten perlu, lan sanes-sanesipun.
Syukur kulo panjenengan sami sami nglatih ati lisan, kanti mboten nelataken
dzikir, kados maos istighfar astaghfirulahal ‘adhim, maos sholawat shallallahu
‘ala Muhammad. Kanti tanpo terputus sedetikpun, tansah emut dateng gusti
Allah, kanti mekaten kito sedoyo mboten nglerwaake kewajiban kito minongko
makhluk ciptaanipun, ingkang seharusipun tunduk lan patuh dumateng nopo mawon
ingkang sampun gusti Allah dawuhaken.
Dumateng jama’ah sholat isya’ soho terawih ingkang dipun rohmati dening
Allah
Kanti ngebaki kesainan wonten ing wulan ramadlon, mongko doso kulo
panjenengan dipun ngapunten deneng pengeran, kados bayi ingkang dipun lahiraken
ibunipun malih. Njeh nopo mboten buk pak?. Kados mekatin gusti Allah paring
pengapuran dateng umatipun gusti kanjeng nabi Muhammad SAW. Saking welasipun
gusti Allah lan sayangipun dateng kanjeng nabi lan umatipun.
Mugi dadoso penggalih dateng kulo panjenengan sami waget ngoco
piyambak-piyambak kamangke saget ngleresaken tumindak-tumindak kito ingkang
awon.
Dumateng jama’ah sholat isya’ soho terawih ingkang dipun rohmati dening
Allah
Mekaten ingkang waget kulo aturaken, mugi wonten manfaatipun ndonyo akhirat
amin ya rabbal ‘alamin.
Wassalamu’alaikum
warahmatullahi wabarakatuh.
0 Komentar