10 Hari terakhir Bebas dari Api Neraka
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Al-hamdulillahi daiman ‘alallah. Wa shalatuhu
wa salamuhu linabiyihi Muhammadin SAW.
Dumateng jama’ah sholat isya’ soho terawih ingkang dipun rohmati dening
Allah
Dinten-dinten kepengker kolo wingi, kito sampun sesarengan mahami bilih 10
awal wulan romadlon niku rahmate Gusti Allah, lajeng 10 ambal kaping kalih
meniko pengapuranipun gusti Allah. Lajeng 10 ingkang akhir puniku ‘itqun
minannar pembebasan saking api neroko.
Maksutipun pripun, maksutipun nuninjih kita sekalian dipun dohaken saking
adzab-adzab ipun pengeran ndonyo akhirat amin yarabbal ‘alamin.
Kacaritan saking ibnu huzaimah soho imam hibban bilih, kanjeng nabi naten
dipun dangu poro shohabat, kanjeng nabi? Mbok bilih wonten nopo pnjenengan
meniko wonten mimbar maos amin amin. Nuli kanjeng nabi jawab bilih malaikat jiblir
mau rawuh nuli dongo; sinten tiang kok menangi romadlon nuli mboten dipun
sepuro dosanipun nuli sedo, mongko mlebet neroko mugi ngedohaken gusti Allah
saking neroko amin, nuli kanjeng nabi jawab amin. Ngoten shohabat.
Kanti mekaten saget dados isyarah kagem kito, betapa agengipun pengapurane
gusti Allah dateng umatipun kanjeng rasul Muhammad SAW. Linuwih wulan romadlon
kados mekaten ingkang statusipun wulan, wulan kagem umatipun kanjeng nabi
Muhammad SAW.
Dumateng jama’ah sholat isya’ soho terawih ingkang dipun rohmati dening
Allah
ÙˆَÙ„ِÙ„ّٰÙ‡ِ عِتْÙ‚َاءُ
Ù…ِÙ†َ النَّارِ ÙˆَذَÙ„ِÙƒَ ÙƒُÙ„ُّ Ù„َÙŠْÙ„َØ©ٍ
Wallillahi lan iku keduwe Allah. ‘itqaau utawi hak
pembebasan. Minannari saking
neroko. Wadzalika lan utawi
mengkono-mengkono ‘itqaau. Kulla lailatin ing saben-saben dalu wulan
ramadlon.
Hak mutlak Allah, mbok bilih Allah bade mbebasaken utawi mboten, keranten
Allah gadah sifat jaiz nuninjih fi
kulli mum kinin autarkuhu artinipun nopoke mawon gusti Allah saget ngersa
ake punopo mboten. Gusti Allah mboten kepekso dan dipekso anggen paring rahmat
mawi adzab dateng sinten mawon.
Anangin kanti katerangan ngajeng puniko kito sedoyo yakin bileh kanti
rahmatipun Allah kita bebas saking fitnah ing dinten kiyamat, miwah ndoyo
menopo akhirat.
Bukti malih, kanti agengipun nilai lailatur qodar. Menawi kita kepanggih
saestu kanti ngistiqomahaken saking malem 21- ngantos rampung, ingsya Allah
kito waget 1000 wulan kolo wau. Sahinggo waget saestu pikantuk rahmatipun
Allah. Amin Allahumma amin.
Dumateng jama’ah sholat isya’ soho terawih ingkang dipun rohmati dening
Allah
Mekaten ingkang waget kulo aturaken, mugi wonten manfaatipun ndonyo akhirat
amin ya rabbal ‘alamin.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
0 Komentar